ntarendra, putra Pangeran Dipati, Anom Radyan Samba léiancuringpra ja. Siniwakeng (siniwaka + ing) = diadhép ing. Dasih = abdi. Pinatik ing sésotyadi = ditretes ing sésotya encteh. Andher = padha linggih tarap jejer-jejer akeh bangét. Nangki] = seba. Amarikélu = tumungkul urmat bangét. Munggwing Imunggu + ing) = dumunung ing. Byantarendra (byantara + indra) = ngarsa ratu. Lélancur = tétunggul, kang pinunjul dhewe. ** 131 ketali. Jurang sungil = jurang rumpil, angel ambah-ambahane lan mbebayani. Jurang grawah ora mili = katone kaya loma, nanging sajatine cSthil bangt. 12. Angger = panj’ebut marane bocah lanang utawa wadon (uta- wa marang wong kaprgnah nom). Gendhuk = panyebut ma- rarig bocah wadon. Thole = panyebut marang bocah lanang. Ratu angger (Ratu alit) = sebutan putrane putri Ratu pam- barep kang wis krama. 13. Reh sampun krahayon = sarehning sampun ngalami kara- harjan. Wulang-reh = layang isi piwulang ing babagan pra- tingkahing urip (Reh = pratingkah). Pangrehing praja = panyekele nagara. Karahayon = karaharjan, kaslametan. 14. Andugekna = nutugna nganti rampung. Dugi-dugi = kinten- kinten. Boten k§dugi nglampahi = boten keconggah, boten sagah nandangi. 15. Kakang kekalih K -kakang sakloron (sakarone) NT; ing dhu- wur iku maksude : kakang Layangseta lan Layangkumitir (sa- dulure Anjasmara), putrane Patih Logender. Kakang kawah adhi ari-ari = metune banyu kawah saka guwagarba luwih dhi- sik tinimbang jabang-bayi, mulane singbut ,.kakang”, nanging ari-an metune luwih kaii tinimbang jabang-bayi, mulane si- n?but ..adhi” . 16. Prajagung, sandine : praja '+ agung = nagara gedhe. Hyang Agung = Gusti Allah. 17. Mbengkas karya = ngrampungi (mrantasi) ing gawe. Nambut karya = nambut kardi, nyambut gawe. Sawah 1 karya = 1 jung = 2 kikil = 4 bau = kira-kira 28386 m2. 18. Atur tandha = ngaturake tandha yekti (bukti, cihna). Tandha mata = barang paweweh minangka pangeling-eling. Tandha tangan KN = tandha asta ( tapak asta) Ki. 19. Tawan (tawanan) = wong kang tumiba ing tangan e mungsuh. Ditawan (tinawari) = dicekel lan ditahan mungsuh. Panga- muke pindha andaka tawan kanin = kaya bantheng nandhang tatu. kaya bantheng ketaton. Tawan-tawan tangis = teka imlayu) karo nangis. 20. Lan tawan kalih = karo tawanan loro. Ing dhuwur iku kang 134 dikarepake „tawan kalih” yaiku : Dewi Sasmitaningrum putri saka Japan lan Dewi Susilawati putri saka Ngleri. garwane Menakjingga kang tetulung Damanvulan ndhustha gada wesi kuning darbeke Menakjmgga (dicaosake marang Damar wulan). Putri loro iku diboyong dening Damarwulan m6- nyang Majapait. nanging ana ingdalan dibegal Layangsela lan Layangkumitir, Damarwulan dipateni. Ya ing wektu iku la- yone Damarwulan diuripake dening bapakne yaiku Patih Udara kang wis mbagawan apeparab Bagawan Tunggulmanik. Sawise urip maneh, Damarwulan kadhawulan mbalik dhisik menyang kadhatone Menakjingga. 21. Mirah (mas mirah) = kalbu jinise tembung pamiluta, yaiku tembung kang di§nggo nyebut marang kekasih utawa wong kang ditresnani banget. Salugune „mirah” ateges s£sotya kang awarna abang; kekasih dipepindhakake sesotya. 22. Nini = panyebut marang wanita kaprenah nom kang ditr£s- nani, kosok-baline „kaki" = panyebut marang priya kaprenah nom kang ditresnani. Tuladhane panygbute Kresna marang Sumbadra „nini mBadra” , marang Gathutkaca „kaki Prabu Gathutkaca”. Nini-nini = wanita kang wis tuwa banget, ko sok-baline : kaki-kaki. Nimas = kal£bu tembung pamiluta. panyfbute priya marang kekasihe, Ing carita dhuwur iku kang dikarfpake „nimas-nimas katSlune” yaiku Juwitawati, Ju- witaningsih Juwitaningrum, para selire Menakjiningga kang diboyong Damarwulan menyang Majapait. 23. Y§kti N= yektos K = nyata, tuhu. Yiktiwara = Mahayekti, pandhita pinunjul. Alane g£lar dening ygkti = ora mung nggugu gunfim bae, b£cik dinyatakake. 24. Anjasmara rum-rum = asma Anjasmara. II. Dasanama. 1. Rum-rum = sinambat ing rum, wewangi, smambat ing wangi. jejuluk, pgparab. asma. 2. Jinise sesotya : barleyan, inten, mirah (awarna abang), mirah dlima (awarna ahang tuwa), herlaut (awarna biru), jumerut (awarna ijo(, retna, manik. widuri, kumala. 135 BAB 13. MIJIL. Têmbung kang dikurung ora katut ing cakèpan témbang. Anjasmara nusul Damarwulan mênyang Probolinggo, nanging kêpêthuk ana ingdalan. 1. (Anjasmara) : „Iya kangmas / / mulane / ta mami 4 / / / 3 - 2. prapteng hene / ngruroh 4 / 2 3. ■marcng sira //den e / pawartane 4//2/4 4. sira kangmas / / tumêka / ing pati 4//3/3 5. nora ketung/ mami 4 / 2 6. nèdya bela / lampus”. 4 / 2 II. ‘ (Damarwulan) : „Dados kulo kaworta ing nagri, sampun prapteng layon, Prabu Rara mendah ing esême, Anjasmara lakinya ngêmasi, sami yen jurit, lan prqjurit punjul". UI. (Anjasmara) ï „Iya kakang bénér nggonmu angling, nging cja kopindho, ninggal aku neng paturon maneh, aku kapok kang kaya saiki, mudhun jurang sungil, munggah gunung dhuwur" IV. (Damarwulan) : „Angger sampun kathah kang ginalih, reh sampun krahayon, andugekna inggih pawartcne". (Anjasma ra) : ,Jya kangmas sira sun wartani, si kokang kêkalih, prap- toning p rajagung ’ V. „ Angaturkên mring Sang Prabu Dewi, sira têkeng layon, ya si kakang kang mbengkas karyane, atur tandha kepaianing aji, Idn tawan kêkalih, mulane sun nusul”. VI. (Damarwulan) * ,JPunapa makatên mirah mami” . (Anjas mara) : „Ya kangmas kangkono”. (Damarwulan) .• „Lah fa nimas-nimas katëlune, sira wruha ingkong prapta iki, yékti garwa mami, Anjasmara rum-rum” . A. NÊGÊSI TEMBUNG. 1. Prapteng = têmbung sandi, sandine témbung : prapta (têka) + ing. 2. Ngruroh, pancene kudu muni : ngruruh (ang + ruruh), nanging 132 I jalaran guru-lagune tembang-Mijil gatra kapindho kudu „ o ”, ngruruh banjur didadekake : ngruroh = nggoleki. Ruru (ru- ruh) = luru (luruh) = 1 gogrog,- tiba; 2 nggoleki; 3 wanguning praen (polatan) kang s£mu tumungkul, guneme sareh, kosok- baline : mbranyak = polatan kang s§mu ndhangak, guneme santak. Sumbadra luruh, Srikandhi mbranyak. 3. Pawartane = kabare. Undhaking pawarta sudaning kiriman = pawarta iku lumrahe mundhak saka nyatane, nanging kiriman . lumrahe suda kehe (kalong). Kulak warta adol prungon = tetakon warta, ngandhak-ngandhakake pawarta kang wis di- rungu. 4. Nora ketung = ora ketang = ora ngelingi. 5. Bela lampus = milu mati. Bela sungkawa = milu susah. Yen wong layat wong k§sripahan utawa wong kacilakan, lumrahe sajrone salaman karo kandha : „Ndherek bela sungkawa”. 6. Layon = 1 mayit, 2 alum (tumrap k§mbang), 3 mati. 7. Prabu Rara = Prabu K6nya = Ratu putri kang durung nambut silaning akrama (prawan). Bojo jaka-rara = bojo kang nalika timune (ijabe) lanange isih jaka, wadone isih rara. Ginarfibeg para manggung ketanggung miwah palara-lara = didherekake para jinise badhaya lan para-nyai kang isih kenya. Manggung ketanggung = jinise badhaya kang ndh’erekake Ratu yen mi- yos siniwaka. Palara-lara (parara-rara) = 1 para-nyai kang isih kenya, 2 seliring Ratu kang durung dinikah. 8. Mendah = saiba. Bedane : Mendah, tumrap bab kang durung klakon; saiba tumrap bab kang wis klakon. Tuladhane : Mendah senengku yen aku s ida ditukokake motorpit BSA sing 500 cc. Saiba sengsarane wong-wong ing kutha Hiroshi ma, nalika kutha iku dibom atum. 9. Esem (mesem) = guyu (ngguyu) kang mung katon ing sfemu. Mesem pendhem = mesem kang obahe lambe mung sathithik banget. Diesemi = 1 diwenehi ulat apik, 2 dig§guyu, diewani. 10. Kapok = kawus. Kapok-kawus (tlmbung saroja) = kapok ba nget. Kapok lombok = kapok mung sadhela, banjur wani gelem) tumindak maneh. 11. Jurang = l§dhokan jero ing antaran e gunung (pagunungan). Kejurang-jurang = tansah ngalami sanesara, tansah ketula-tula 133 kgtall. Jurang sungil = jurang rumpil, angel ambah-ambahane lan mbebayani. Jurang grawah ora mili = katone kaya loma, nanging sajatme cethil banget. 12. Anggrr = panyebut marang bocah lanang u tawa wadon (uta- wa marang’ wong kaprenah nom). Gendhuk = panyebut ma rang bocah wadon. Thole = panyebut marang bocah lanang. Ratu angger (Ratu alit) = sebutan putrane putri Ratu pam- barep kang wis krama. 13. Reh sampun krahayon = sarehning sampun ngalami kara- harjan. Wulang-reh = layang isi piwulang ing babagan pra- tingkahing urip (Reh = pratingkah). Pangrehing praja = panyekele nagara. Karahayon = karaharjan, kaslametan. 14. Andugekna = nutugna nganti rampung. Dugi-dugi = kinten- kinten. Boten kedugi nglampahi = boten keconggah, boten sagah nandangi. 15. Kakang kekalih K = kakang sakloron (sakarone) N; ing dhu- wur iku maksude : kakang Layangseta lan Layangkumitir (sa- dulure Anjasmara), putrane Patih Log§nder. Kakang kawah adhi ari-ari = metune banyu kawah saka guwagarba luwih dhi- sik tinimbang jabang-bayi, mulane sin£but .Jiakang’’, nanging ari-ari metune luwih kari tinimbang jabang-bayi, mulane si- ndbut .,adhi” . 16. Prajagung, sandine : praja ’+ agung = nagara gedhe. Hyang Agung = Gusti Allah. 17. Mbengkas kaiya = ngrampungi (mrantasi) ing gawe. Nambut ‘ karya = nambut kardi, nyambut gawe. Sawah 1 karya = 1 jung = 2 kikil = 4 bau = kira-kira 28386 m1. 18. Atur tandha = ngaturake tandha yekti (bukti, cihna). Tandha mala = barang paweweh minangka pangeling-eling. Tandha tangan KN = tandha asta (tapak asta) Ki. 19. Tawan (tawanan) = wong kang tumiba ing tangane mungsuh. Ditawan (tinawan) = dicekel lan ditahan mungsuh. Panga- muke pindha andaka tawan kanin = kaya bantheng nandhang tatu, kaya bantheng ketaton.“ Tawan-tawan tangis = teka (mlayu) karo nangis. 20. Lan tawan kalih = karo tawanan loro. Ing dhuwur iku kang 134 dikarepake „tawan kalih” yaiku : Dewi Sasmitaningrum putri saka Japan lan Dewi Susilawati putri saka Ngleri, garwane Menakjingga kang tetulung Damarwulan ndhustha gada wesi kuning darbeke Menakjingga (dicaosake marang Damar- wulan). Putri loro iku diboyong dening Damarwulan mS- nyang Majapait, nanging ana ing dalan dibegal Layangsela lan Layangkumitir, Damarwulan dipateni. Ya ing wfektu iku la- yone Damarwulan diuripake dening bapakne yaiku Patih Udara kang wis mbagawan apeparab Bagawan Tunggulmanik. Sawise urip maneh, Damarwulan kadhawulan mbalik dhisik menyang kadhatone Menakjingga. 21. Mirah (mas mirah) = kalebu jinise t&nbung pamiluta, yaiku tembung kang di&nggo ny£but marang kekasih utawa wong kang ditr£snani bangSt. Salugune „mirah” at§ges s&otya kang awama abang; kekasih dipepindhakake sesotya. 22. Nini = panyebut marang wanita kaprenah nom kang ditrfe- nani, kosok-baline „kaki” = panyebut marang priya kaprenah nom kang ditresnani. Tuladhane panyebute Kresna marang Sumbadra „nini mBadra”, marang Gathutkaca „kaki Prabu Gathutkaca”. Nini-nini = wanita kang wis tuwa banget, ko sok-baline : kaki-kaki. Nimas = kal§bu tembung pamiluta, panyebute priya marang kekasihe. Ing carita dhuwur iku kang dikargpake „nimas-nimas kat&lune” yaiku Juwitawati, Ju- witaningsih Juwitaningrum, para selire Menakjiningga kang diboyong Damarwulan mfinyang Majapait. 23. Y£kti N= yektos K = nyata, tuhu. Yiktiwara = Mahayekti, pandhita pinunjul. Alane g£lar dening y£kti = ora mung nggugu gun6m bae, b&cik dinyatakake. 24. Anjasmara rum-rum = asma Anjasmara. II. Dasanama. 1. Rum-rum = sinambat ing rum, wewangi, sinambat ing wangi, j£juluk, pgparab, asma. 2. Jinise sesotya : barleyan, int£n, mirah (awama abang), mirah dlima (awama abang tuwa), herlaut (awama biru), jumerut (awama ijo), r£tna, manik, widuri, kumala. 135 3. Kgpala = murda, utamangga. mustaka, sirah, kumba. (Di&du kumba = diedu sirah padha sirah). 4. Aji = katong, pamasa, pamase, narendra, dhatu, ratu, narpati, naradipa, naradipati, sribupati, parameswara. 5. Lampus = palastra, ngSmasi, antaka. pralaya, mancai donya, tinggal donya, murud ing kasiddhan jati, kondur dhating tepet-suci, mulih menyang jaman delahan, mulih ing jaman kalanggengan,seda. 6. Layon = jisim, mayit, bangke, wangke, sawa, ku wanda. III. Basa krama (Baniure). 5. Wanda wgkasan „tin ana sing dadi „tos”, kayata : ganti, ora pati, turu kepati, jati, piranti, kramane : gantos, boten patos, tUSm k§patos, jatos, pirantos. Nanging : mati = p§jah. Ati = manah (Ngati-ati = ngatos-atos). 6. Wanda w§kasan „ du “ ana sing dadi „ ben ”, kayata : padu, adu, madu. kramane : pab§n, aben, mabin. Nanging : Dudu- dede (sanes); idu KN (Krama-Ngoko). 7. Wanda wfikasan ,,yu ” ana sing dadi ,Jing ”, kayata : guyu, payu, kayu. mlayu, rahayu, kramane : gujeng, pajeng, ka- jeng, mlajeng, rahajeng. Nanging : mbakyu KN, nguyu-uyu KN. 8. Wanda wSkasan „H” ana sing dadi „sui”, kayata : tali, ken- dhali, kuv.ali, bali, kramane : tangsul, kfindhangsul, kuwang- sul, wangsul (bangsul Bk). Nanging ; ali-ali— sesupe, lali-supe (klalen- kesupen), kali- lepen. 9. Wanda wgkasan, ,,iang” ana sing dadi „cal”, kayata : ilang. milang, walulang, kramane : ical, mical, wacucal. Nanging : gelang KN, mulang KN, talang KN, salang KN. 10. Wanda w6kasan „bu ” utawa „bung”, ana sing dadi „ b it”, kayata : lumebu, jambu, sambung, kramane : lumebet. jam- bet, sambat. Nanging : tebu KN, lumbu KN, bambung KN. 11. Wanda wekasan „ya ” ana sing/dadi „dos”, kayata : supa ya, pitaya, kaya, kramane : supados, pitados, kados. 136 i Nanging : liya KN (Krama wenang : sanes), baya KN. 12. Wanda wekasan „la” utawa ,, lah” ana sing dadi „won”, ka- yata : ala, srenggala, kalah, kramane : awon, sggawon, kawon. (Tala, sanes kramanipun : tawon, nanging griyanipun tawon). Nanging : kala KN, bala KN, ketula-tula KN. Kajaba kang kasebut ing dhuwur, ana sing carane nStGp- ake tembung krama sarana tembunge ngoko diganti dhisik nganggo tgmbung liya sing padha tegese (synoniem utawa dasanamane tembung iku). Tuladhane : Bae, diganti : kewala, banjur dikramakake : kemawon. Calathu, diganti : wicara, banjur dikramakake : wi- cantGn. Golek, diganti : upaya, banjur diganti : upados. (Nggo- leki-ngupadosi, madosi). Asu, diganti : srenggala, banjur dikramakake : s&gawon. B. DHAPUKANING UKARA. Tembung pangiket (Banjure). 14. Ana dene N = wondene K (wancahane : wonten dene). Ing jaman saiki tembung „ wondene ” kerep kanggo ing basa ngo ko. Ana dene, wondene, surasane padha karo „dene ”(nd§- l§nga bab 12 B angka 13), nanging ngemu surasa luwih di- pr§lokake. Tuladhane : Dhuwit kang kanggo tuku ubarampening sinau wis dak- sadhiyani, ana dene panjalukmu motorpit bakal dakrembug dhisik karo ibumu. Anakipun jaler dipun-kekudang sageda dados dokter, wondene anakipun estri dipun-gadhang-gadhang dadosa bi- dhan. 15. Karo dene N = kalih dene K. Surasane padha karo tembung „karo” (kaliyan), lan”, nanging luwih antfeb. Tuladhane : Yen menyangmu toko ngliwati ,Jiis surat”, aku titip layang iki cemplungna, karo dene aku tukokna ballpoint siji bae. Bapak-ibu boten marengaken mbakyu ningaliNightclub, 137 kalih dene boten mcrengaken piyambakipun kesah ing wanci daiu. 16. Karo maneh N = kahyon mchh K, nunggal surasa karo „karo dene ”. Tuladhane : Kowe ora di(ukokake sSpctu kayo adhinw ajo meri, wong sipatumu w is 3 pasang tur isih apik-cpik; karo maneh kowe duwe sepatu-sandhal barang. 17. Karo dene maneh N = kalih dene malih K, nunggal surasa1 karo : karo dene, karo maneh. Kowe prayoga t uni u!i omah-omah, amarga pametumu uiis cukup kcnggo urip wong loro; karo dene maneh umurmu uiis ngancik 30 taun, dadi kowe w is kalSbu golongane jaka- tuwa. 18. Apa dene N = punapa dene K, surasane padha karo : lan, sartc. Suta, Naya, Dhadhap apa dene Waru’padha ditimbdi pak Camat, amarga wong 4 iku kang ngreti marang anane rajcpati ing desane. Ingkang luius ujianipun kongge calon lurah ing dhusun kuia pun Dhadhap, Wraru, G at i punapa dene pun Niti. 19. Apa maneh N = punapa malih K, kanggo mratelakake yen bab (prakara) kang kas§but ing saburine ora satimbang karo bab (prakara) liyane. Murid SMP boe durung ngreti marcng bab iku, apa ma neh murid SD. Scweg dipun-sringeni kemauon sampun rtan g is, punapa maJih manawi dipun-tangani. CCandhake kasebut ing bab 14). C. PARAMASASTRA. Atir-ater „a” „ ma” (Banjure) g. Baring, amarga, kayata : Anak-anake padha abungah- bungah atampa dhuwit. (Bareng tampa dhuwit, amarga tampa dhuwit). h. Sarana, kayata : Kasebut ing dale m kandha, Siyung- 138 wanara olehe mandhe kéris aparon dhengkui. apalu te ngan, asupit driji. (Sarana parnn dhéngfiul, . .. Jan sa- banjure). 10. Tégése atér-atér „mc ”. a. Minta-sraya, kayata : m ancua kowe nidya maguru ing babagan ngelmu kasampurnen, miliha Guru kang ora ka- rém marang kadonyan. Tinimbang madhukun, aluwung tétamba marang doktér. (Maguru = minta-sraya marang Guru. Madhukun = minta-sraya marang dhukun). b. Nindaki (nindaki d adi), kayata : Olehe magauv ing sc- wah mulihe nganti wayah sore, mulene kudu dikirim pa ngan lan wedang. Yen madhayoh, sau-iáe ,,kula-nuwun”, sanajan s ing duwe omah wis kandha „mangga “, aja ban- jur tumuii iungguh. sadurunge sing duwe omah métu akon Iungguh marang koive (Magawe = nindaki ing ga- we. Madhayoh = nindaki dadi dhayoh. c. Mbangitake surasa (ngému surasa sapirang-pirangj, ka yata : Wadyabalane mayuta-yuta, sing mati maewu-ewu. (Pirang-pirang yuta, pirang-pirang ewu). d. Mung diénggo mangun témbung kriya, kayata : Moiah = ma + ulah. Melu = ma + ilu. e. Mung diénggo réréngganing basa, kayata : Cupu mesi Usah jayeng-ketong Yen tumrap basa lumrah, dudu basa rinéngga, cukup.,,/s/” ngono bae. Dadi atér-atér. „ma ” ing ukara iku (ma + isi) mung minangka réréngganing basa. Jajeng-katong = aran e lénga ag£me Ratu, yaiku lé- nga kang (manawa dileletake ing mripat) njalari bisa su- murup lélémbut. Pitakon. Bénére diarani kalawarti „ basa Jawa” apa kalawarti „abasa Jawa ” ? Gumantung marang isine kalawarti. Kalawarti „basa Jawa" ana, kalawarti „abasc Jawa ' ya ana. Kalawarti kang isine dudu kawruh umum, mung mligi isi bab basa Jawa utawa bab-bab kane ana gegayutane karo basa 139 Jawa (gegelitane basa Jawa kayata : paramasastra Jawa, kasusas- tran Jawa, kapustakan Jawa, unggah-ungguhe basa Jawa Isp) iku diaram kalawarti ,,6asc Jawa Wondene kalawarti sing isine kawruh umum maneka wama kababar sarana basa Jawa, iku di- arani kalawarti „abasa Jawa”. D. KASUSASTRAN. TSmbang Mijil. 1. Mijil iku kalebu tembang Macapat, dadi awewaton : guru- gatra, guru-lagu lan guru-wilangan. 2. Saben 1 pada (Indonesia : 1 bait, Inggris : 1 couplet) tem bang Mijil ana 6 gatra, guru-wilangan lan guru-lagune mang- kene : 10 i, 6 o, 10 e, 10 i, 6 i, 6u. 3. Ing jaman kuna tembang Mijil diaram „Pemijit”. Bedane tem bang Mijil jaman saiki karo Mijil jaman kuna (Pamijil) ana ing gatra kapindho. Mijil jaman kuna (Pamyil) guru-lagune gatra kapindho tiba „e”, nanging Mijil jaman saiki tiba „o ”. Tuladhane timbang Mijil ing jaman kuna (Pamijil), kayata : Tutur lupa mengit ayu/c lali, ujar iku mangke. kang ana wus ilang ndi wastune, ulatana mewuh tan kapanggik, pa- raning wong ’mati, sapa sira kang wruh. (Layang Kidung Subrata). 4. Gatra-gatrane tfembang Mijil kena kaperang loro, yaiku gatra kang isi 6 wanda lan gatra kang isi 10 wanda. P£dhotane gatra kang isi 6 wanda : 4 - 2, utawa 2-4, utawa 3-3. Gatra kang isi 10 wanda, kap&dhot dhisik 4 wanda; si- sane yaiku 6 wanda, kapedhot miturut wgwaton pamidhote gatra kang isi 6 wanda. Mangkene : 4 //4-2, utawa 4 // 2 - 4, utawa 4 // 3 - 3. 5. Timbang Mijil awatak „widharing rasa" (Wijil = widhar. Mijil = medhar). Timbang Mijil mathuk dienggo midharake pitutur utawa piwulang, nanging iya kena kanggo ing canta gandrung-gandrungan. 6. Sasmitane tembang Mijil sarana tembung : mijil, utawa da- sanamane : medhar (w€dhar), miyos, mitu, medal. Kajaba iku ana araning lagune tembang Mijil kang lumrah dienggo 140 sasmitaning têmbang, yaiku : Rarasati, Sulastri. 7. Araning lagune têmbang Mijil, kayata : Mijil wantah, Mÿü Gagatan, Mijil Dhadhapan, Mijil Pamular, Mijil Larasati (Ra rasati) lan Mijil Sulastri. ** 141 5. Mingséd = mingsér, ngalih panggonan sathithik. 6. Taun Saka = taun Indu wiwit juménenge Ratu Sang Saka (Ají Saka). Taun Saka 1 = taun Masehi 79, dadi kacek 78 hiwih dhisik taun Masehi. 7. Taun Jawa anane wiwit ing jaman Sultan Agung, ora diwi- witi saka taun 1, nanging angka taun Saka 1555 diénggo wiwitane taun Jawa. Dadi nalika taun Saka 1555 taun Jawa ya 1555, taun Masehi 1633 (1555 + 78). Nanging amarga taun Jawa pangetunge miturut lakune rembulan (1 taun = 354 utawa 355 dina) lan taun Masehi miturut lakune srénge- nge (1 taun 365 utawa 366 dina), sabén taun gantine taun Jawa ndhisihi 11 dina. Mulane taun Jawa karo taun Masehi kang ing sakawit kacek 78, saya lawas kaceke soya kurang saka 78. Ing taun Masehi 1978, taun Jawa 1910, mung kari kacek 68. Dadi taun Jawa wis ndhisiki (ngoyak) 10 taun ( 7 8 - 6 8 ). 8. Aji Saka = Ratu Saka, Prabu Saka, miturut layang Parama- yoga silsilahe mangkene : Adam - Sis - Anwar (Nurcahya) - Nurrasa - VVénang - Éning- Ramaprawa - Ramayadi - Empu Anggajali (Prabu Iwaksa Ra tu ing nagara Surati) - Aji Saka. 9. Tumapake taun 1555 = wiwite taun 1555. Tapak paluning pandhe = gégaman saka wesi. Tapak ing gawe = wiwit tumin- dak nyambut-gawe. Tapaking kikir = gégaman. Ninggal tapak jéro = ora nétépi kasaguhan. Napak tilas = nulad lélakoning liyan. Tapak-dara = sanggan débog kang diénggo wayangan. Tapak asta (tapak asma, tandha asma) Ki = tandha tangan KN. Tapak liman = arañe tétuwuhan. Tapak-jalak = garis pra patan minangka lélirune tandha tangan tumrap wong wuta sastra. 10. Ingkang Sinuwun (Sinuhun) = sésébutaning Ratu, tégése : ing- kang dipun-pundhi-pundhi. 11. Disalmi = diganti. Salin siaga = ganti panému utawa tekade (Indonesia : berganti pendirian). Siaga iku kang mbuntél kémbang sadurunge mégar (Indonesia : kelopak bunga). 12. Sawindu = 8 taun Jawa. Bar.yu windu = banyu kang wis di- wayokake. 144 13. Ditibakake Jemuwah Legi = digawe pinuju J&nuwah L§gi. Tiba kasur = n&rau kapenak ora kinira ing sadurunge. Satiba malanganea (sanajan tiba inalang, ora mujur) = sakojur-kojure meksa… Patiba sampir = paningset. 14. Mundur, kosok-baline : maju. Mundur mapan = mundur prilu nedya nata kekuwatan utawa barisane (tumrap wa- dyabala), mengko bakal ngrabasa maneh. Maju ewuh mun dur kepaluh = yen sedyane diterusake bakal ngalami rekasa (ora kapenak), yen diwurungake bakal kapitunan. 15. Tanggai nom = tanggai 1 tikan sadurunge rembulan purna ma (tumrap sasi Jawa). Tanggai tuwa tanggai wiwit salibare rembulan purnama. 16. Rembulan panglong = rembulan kang ora katon wutuh, yaiku rembulan ing tanggai tuwa. Kosok-baline : rembulan kantha = rembulan ing tanggai nom. Kantha Kw = gulu. II. Dcsanama. 1. Rembulan = candra, badra, sitengsu, sitaresmi, sasadhara, sasi, soma, lek, wulan. 2. Srengenge = baskara, bagaskara, pratanggapati, diwangkara, pratanggakara, surya. 3. Lintang = wintang, kartika, sudama, sasa, taranggana. 4. DhuWit = arta, ardana (redana Bk), yatra, picis. 5. Dhuwur = dhuhur, luhur, punjung, inggil, bintar. (Sitiben- tar = sitinggil}. 6 . Maling = pandung, curi, durjana, duratmaka, weri. III. Basa mudha-krama. Basa krama iku ana 3 warra, yaiku : mudhc-krcma, wredha- krama ian kramantara. Aludhakrama iku basane wong mudha (nom) marang wong wredha (tuwa), utawa basane andhahan marang dhedhuwurane. Basa mudhakrama iku pamore tembung-tembung krama karo krama-inggil tumrap madvamapurusa (wong II). 145 L’tamapurusa (wong I) : kuia. Madyamapurusa (wong III : panjenengan, utawa : panjenengan sampeyan, utawa sa rana tembung ,, panjenenganipun ” sinambungan tem bung paprenahan, kayata : panjenenganipun bapak, pan jenenganipun ibu, panjenenganipun kangmas lsp. Ater-ater „dak” dadi kula, ater-at€r „kok” dadi : panjineng- an. Panambang ,,ku” dadi : kula, at§r-ater „mu” dadi : panje nengan, utawa : panjenengan sampeyan. Panambang „e” dadi : ipun, panambang „ake” dadi : aken. Tuladhane basa mudhakrcma, kayata guneme c ing ngisor iki: Bapak, punika ivontin tamu. Saja k ¡pun priyantun tebih Ana tamu ? Aturanc lenggch dhisik. Tak salin sadhela. E, dene kowe, tak arani dhayoh saka ngendi. Inggih, timtunipun dam&l kaget panjSnenganipun bapak se kalian. Tiyang kula, boten ngaturi serat rumiyin. Ya, ora dadi apa. IVVs benere padha tilik-tinilik, kar&ben lu- wih supeket. Kasinggihan makaten bapak. Estunipun kula malah nyuwun pangapuntSn, dene botkn kerep sou-an. Sampun 8 taun anta- wisipun kula boten sowan bapak tuu’in ibu, kadadosanipun ngantos kula bot£n tepang kaliyan putra-putra sadaye. (Ki Padmasusastra, S£rat Urapsari). B. d h a p u k a m n g UKARA. Tembung pangiket (Banjure). Eivadene KN. a). Ateges : sanajan mangknno, yaikumanawa dadi b f bu kamu g ukara sing buri. Tuladhane : Gunung Sumeru iku satanah’ Jawa dhuwur dhewe, ewadene dudu amput- ampute yen ditandhing karo Mnunt Everest ing India kang dhuwure 8880 m saka lumahing sagara. Anggenipun nututuri sampun wongsal-wangsul, be- besen „lambe sctumcng kari sam$rang’\ ewadene pivam- bakipun meksa talisih ajeg kimproh Itemaivon. h). Ateges: ananging meksa, yaiku manawa dadi katrangane tembung „sanajan”. Tuladhane : Sanajan handhahu lianthi supata, ewadene dhe- iveke ora pracaya marang handhahu. Sanajan kowe saguh mbayar wragade tetamba wong sing ketabrak motorpitmu, ewadene sanak-sadu- lure wong iku ¡sih ora padha nrimakake. 21. Ewa samono N = ewa samantin K, nunggal surasa karo : ewa dene. Ana/ie pambarSp wis tampa bagean warisan akeh dhewe, ewa samono meksa durung narimcC. Padamelan kula dereng rampung, ewa samanten nianawi dipun-dhawuhi ndherek inggih sendika. 22. Ewa mangkono N = ewa makaten K, padha karo : ewa sa mono. Uripe si Suta kena diarani wis makmur jibar-jibur mubra-mubru blabur madu, ewa mangkono dheweke isih taberi nyambut-gawe. Sanajan sambutanipun ingkang rumtyin dereng dipun- sauri, ewa makaten pun Naya sampun purun nembung badhe nyambut malih dhateng kula. 23. Suprandene N = suprandosipun K, ateges : sanajan mang kono. Umure Paklik wis lu w ih saka 60 taun, suprandene isih kuwat mlaku dharal 15 km. Piyambakipun sampun wongsal-wangsui dhawah ang- genipun numpak motorpit, suprandosipun tak si h purun ngebut kemawon. C. PARAMASASTRA. Ater-ater anuswara. 1. Anuswara, tPgse : aksara irung, cacahe ana 4, yaiku : n. m. ng, ny. Ater-ater anuswara iku ater-ater „ c “ siggg aksara irung. yaiku : an, am, ang, any. 147 an + tulis “ nulis. ang + gambar = nggambar. am + waca= maca. any + silih = nyilih. 2. Ater-ater „an” kanggo ngatSr-ateri tembung kang apurwa : n, </, dh, t, th, j, c, s. an + /jcna/i + i = nanahi. an + thuthuk = nuthuk. cn + dulu = ndulu. an + jala = njala. cn + dhodhog = ndhodkog. an + cicil = m’cii. an + titik = n itik. an + susui = nusul. 3. Ater-ater „am” kanggo ngat§r-ateri tembung kang apurwa : m, u>, b, p. am + mantun * i = mantuni. am + boiong= mbolong. am + wungu = mungu am + pikul = mikul. 4. Ater-ater „ang” kanggo ngater-ngaten tembung apurwa : vokai, r, k, g, w, ng, 1, y. ang + aso = ngaso. ang +• kokop= ngokop. ang + intip = ngintip. ang + gawa = nggawa. ang + esuk = ngesuk. ang + wonten + i = ngwonteni. ang + obor + i = ngobori. ang + ngungun + i = ngunguni. ang + undhuh = ngundhuh. ang + liw£t = ngliwet. ang + rusak = ngrusak. ang + ytyit = ngyiyit. 5. Ater-ater „any” kanggo ngater-ateri tembung apurwa : c, s. ny. any + copot = nyopot. any + cakot = nyakot. any + suwun = nyuwun. any + nyunyuk + i = nyunyuki. 6. Tembung apurwa „c” yen wanda candhake uga mawa ,,c”, diater-ateri „an”, dene yen wanda candhake dudu „ c ” di atur-ateri „any”. an + cucuk = nucuk an + cucup = nucup. any + cuwil = nyuwil. any + cabut = nyabut. 7. Tembung apurwa „s” yen wanda candhake uga mawa „s”, diater-ateri „a”, dene yen wanda candhake dudu „s” diater- ateri „any”. an + sisih = nisih. an + susuh = nusuh. any + silih = nyilih. any ■+ saut = nyaut. 148 8. Ana tembung apurwa „ s ” sing wandane candhake dudu „ s” kang lumrah diater-ateri ,,an” utawa „any”, yaiku tembung : suwun, simbah. an + suwun = nuwun. Kayata ing timbung : nuwun sewu, nuwun wiyosipun. any + suwun = nyuwun. Kayata : nyuwun pangapuntin, nyuwun priksa. an + sembah = nembah ( + atir-ater : pa + pan am ban g : an = panembahan ). Any + simbah = nyembah. Kayata ing u kara : matui kaliyan nyimbah. (Candhake kasebut ing bab 15). D. KASUSASTRAN Tembung plutan. 1. Pluta = rangkep. Dipluta = dirangkip, tumrap wandane tem bung. Maksude : dirangkep wandane, wanda 2 didadekake 1, didadekake sawanda. Tembung plutan = tembung kang ana wandane loro kang dirangkep, didadekake sawanda, kayata : w£ruh dadi : wruh. Pinara, dadi : pinra. Sinarawedi, dadi : sinrawedi, Isp. 2. Sing lumrah dipluta iku wanda loro kang wandane ngar€p awasana vokal lan wandane buri apurwa : ,,r, l, y ”utawa „ w ”. Tuladhane : Murih, dadi : mrih. Telulikur, dadi: tlulikur. Kiyat, dadi : kyat. Suwanten, dadi : swanten. 3. Manawa wandane buri apurwa saliyane „r, ¡, y, w ”, kayata kang apurwa „m, t, k, p ”, sanajan ya kena dipluta karo wan da sangarepe kang awasana vokal, dadine wanda plutan sajak angel diucapake, kayata : Semangkeyan, dadi : smangkeyan. Sakarepmu, dadi : skarepmu. Ketambuhan, dadi : ktambuhan. Saprongkal, dadi : sprongkal. 4. Anane tembung plutan iku nggampangake pangarange t£m- 149 bang. Manawa wong ngarang témbang mrangguli ana gatrane témbang kang kakehan guru-wilangane, bisa ngélong wandane gatra iku sarana mlutc wanda loro didadekake sau’anda. 5. Tembung plutan iku kfrép tinému ana ing sajrone cakupan témbang, kayata ing sajrone caképan témbang Kinanthi ing ngisor iki : I. Bcskarc diirasa surup, ginantyan wimbcning sasi, sédhénge tanggai ping sapta, manda prcbane marncni, sénén jroning pa- dhichuhan, sonya sabawaning janmi. II. Upama kalane dalu, ana karna kang tumiling, k aya mung myarsa na rasan, piwéimg kang milangoni, eh rara ing benjcng enjang, ing wayah banguning raivi. III. Sun mendra arsa anggcru, mring saivah si Randhakuning, s ira rara rératénga, sathithik kinarya ngirim, nora kudu salah en- dah, nanging susulna pribadi. 6 Kapriye beda-beda ne tembung plutan, tembung sandi lan tembung wancahan ? Tembung plutan iku témbung siji kang ana wandane loro kang dirangkép didadekake sawanda. Témbung sandi iku rérangkene témbung loro kang banjur suda gunggunging wandane. Témbung wancahan iku tembung siji kang diélong wandane. T. Témbung plutan liya-liyane kayata : Pra Kras Kwaos Srana Wlas Dres Swiwi Swidak Kwalon Dicwowo Swarga Drana Srét Swasa Gumrit Sri Sinrang Cwiri Pinrang Kluban. ** 150 BAB 15. TAUN WUNTU LAN T AUN WASTU. Taun wastu iku taun céndhak, umure 354 dina. Taun wuntu iku taun dawa, umure 355 dina. Umure sasi Sura, iMulud, Jumadilawal, Réjéb, Pasa lan Dul- kangidah nelungpuluh dina. Sapar, Bakdamulud, Jumadilakir, Ruwah, Savval lan Bésar umure nyangalikur dina. Sataun gung- gunge 354 dina. Iki taun wastu, tégése taun céndhak. Yen tiba taun wuntu, umure sasi Bésar 30 dina, sataun banjur dadi 355 di na. Sajrone sawindu (8 taun) ana taune wuntu 3, yaiku taun Ehe, Je lan Jimakir, lan taun wastu 5, yaiku : Alip, Jim awai, Dai, Be- lan Wawu. Sababe nganggo dianakake taun wuntu ana warna loro, ya iku : I. Manawa sawindu (8 taun) kabeh taun wastu, umure 354 dina x 8 = 2832 dina. Mangka sing diarani kurup, kayata kurup Sa- lasangiyah (Asapon), tanggale 1 Sura taun Alip kudu ajeg tiba dina Slasa Pon. Nanging yen sawindu 2832 dina, tanggai 1 Su ra taun Alip candhake ora tiba Slasa Pon, képéksa mundur 3 dina tiba dina Sétu Kliwon. Petungan dina kang dirangképi pasaran, kayata diwiwiti saka Slasa Pon tékan Sénen Paing diarani sélapan dina, umure 35 dina. Dadi supaya tanggale 1 Sura taun Alip ajég tiba dina Slasa Pon, cacahe dina sabén 1 windu kudu ceplés dipara 35. Manawa 1 windu umur 2832 dina, ora ceplés dipara 35, bi- sane ceplés kudu didadekake 2835 dina sarana diwuwuhi 3 dina. Awit saka iku sabén 1 windu dianakake taun wuntu 3, yaiku taun Ehe, Je lan Jimakir. II. Sasi Jawa pangetunge awéwaton lakune rémbulan ngubéngi bumi. Lakune rémbulan ngubéngi bumi suwene 29 dina 12 jam 44 ménit 9 sékon. Manawa iku dianggép 1 sasi, sajrone 1 windu lakune rémbulan ngubéngi bumi = (29 dina + 12 jam + 44 ménit + 9 sékon) x 12 × 8 = 2834 dina 22 jam 38 ménit 24 sékon. Supaya nyédhaki cacah iku (sawindu kapetung taun wastu ana 2832 dina) kudu diwuwuhi 3 dina sarana di- 151 anakake taun wuntu 3 (Ehe, Je, Jimakir). (Almanak Waspada 1954 diringkés). A. KAWRUH BASA. (I. Négisi témbung). 1. Taun wastu = taun c§ndhak, kosok-baline taun wuntu = taun dawa. Taun wastu Jawa 354 dina, taun wastu Masehi 365 dina. Taun wuntu Jawa 355 dina, taun wuntu Masehi 366 dina. Taun wuntu Jawa ing Ehe, Je, Jimakir. Taun wuntu Masehi, manawa angkane taun ceplés dipara 4, nanging ora cepl&s dipara 400. 2. Nélungpuluh = siji-sijine 30. Sapuluh N = sadasa K = sajinah. Puluh-puluh = kapriye maneh, képéksa kudu nrima lah wong …. Puluh kotangisana iya ora bakal urip maneh = sanajan ko- tangisana. 3. Nyangalikur = siji-sijine 29. Bolongan hawa sésanga (ing ang- ganing manungsa) : bolongan irung 2, cangkém 1, kuping 2, mripat 2, planjingan ipawadonanl 1 lan dubur 1. 4. Diarani Mulud, amarga maulid Nabi Muhammad s.a.w. (wi- yosane N. Muhammad s.a.w.) ing sasi Rabmgulawal. Mu- ludan = slamétan ing sasi Mulud (pinuju tanggai wiyosane N. Muhammad s.a.w., yaiku 12 Rabingulawal). 5. Sasi kang jénénge rangkép s Sura = Muharam, Rabingulawal = Mulud, Ruwah = Saban, Pasa = Raraélan, Dulkangidah = S§la, Apit. Besar = Dulkaji, Dulldjah. Bakdamulud = Rabingulakir. 6. Bakdamulud = sawise Mulud, lébar Mulud, maksude : sawise u tawa salé b are N. Muhammad miyos. Sabakdane = sawise, salébare. Bakdan = riyaya lébaran, maksude : riyaya salé bar e Pasa. 7. Alip = 1 arañe taun Jawa kang wiwitan, 2 arane aksara Arab kang wiwitan. Ora ngréti Alip bengkong = ora bisa maca lan ora bisa nulis (aksara Arab). 8. Pasaran = 1 dina kang cacahe ana lima (kang uga diarani Pancawara), yaiku : Pon, Wage, Kliwon, Légi, Paing; 2 dina 152 ing pasar mbénéri rame; 3 dolanan dol-tinuku. Pasar malém = karamean nganggo tontonan lsp ing wayah béngi. 9. Araning dina wama-wama, kayata : Pancawara, dina kang ca- cahe 5 (wara = dina), yaiku : Palguna, Céméngan, Kasih, Ma nís, J€nar (Pon, Wage, Kliwon, Légi, Paing). Sadwara. dina kang cacahe"6, yaiku : Tungle, Aryang, Warukung, Paningron, L’was. Mawulu (ing jaman saiki diarani paringkélan). Sapta- wara, dina kang cacahe 7, yaiku : Soma, Anggara, Buda, Réspati, Sukra, Tumpak, Dite (Sénen, Slasa. Rébo, Kémis. Jémuwah, Sétu, Ngahad). Asthawara dina kang cacahe 8, ya iku - Sri, Indra, Guru, Yama, Lodra, Brama, Kala, Uma (uga diarani dina Kadewan). Sangawara, dina kang cacahe 9, yaiku : Dangu, Jagur, Gigis, Kerangan, Nohan, Wogan, Tulus, Wu- rung, Dadi (uga diarani dina Padangon). t 10. Sélapan dina = 35 dina. Disélapake = dislémpitake ing. Sélap- sélip = katon ana sing suméla (sumlémpit). 11. Ceplés = trép bangét tumrap péparan, ora ana turahane (Indo nesia : habis dibagi). Kosok-baline „malcng" (Indonesia : ti dak habis dibagi). 12. Awéwaton = mawa waton, mawa pathokan, mawa paugéran. Aja mung waton ngucap = anggér ngucap. II. Dasanama. 1. Endah = peni, raras, raras-rum, alép (halép), résmi, réspati, listya. 2. Emas = kan cana, rukma, rukmi, kanaka, su w ama, jéne. 3. Éndhas = sirah, murda, ulu (hulu), utamangga. képala, mus- talca, kumba, mudangkara. 4. Anggone = dénnya, denira, dera, olehe, anggonira. 5. Gada 3 bindi, lori (gada cilik), dhéndha, lohita. (Gadane Bhi- ma aran Lohitamukha, ing padhalangan sinébut : gada Ru- jakpolo). 6. Galak = rodra (lodra), krura, kruraya, darpa, darpaya, wiroda, pragalba, rota. 7. Gandhewa = langkap, laras, busur, danu (danuh). 153 III. Basa wrêdha-krama. 1. Wredha = tuwa, kosok-baline : mudha = nom. Basa ivredha- krama iku basa krama gun£me wong tuwa piarang wong nom, utawa guneme dhedhuwuran marang andhahane. 2. Basa wredhakrama iku tembung-tembunge krama kabeh, na- nging ora ngramakake ater-ater lan panambang, kajaba ater- ater „dak, feo” lan panambang „ku, mu". Oranganggo krama- inggil tumrap madyamapurusa (wong II). L’tamapurusa (wong I) : kitlc. At£r-ater „dak” dadi : ku- Ia, panambang „ku” dadi : kula. Madyamapurusa (wong II) : sampeyan. AWr-ato „ko” dadi : sampeyan, panambang „mu" dadi : sampeyan. Ater-atir „di” lan panambang „e, oke” ora dikramak- ake. Tuladhane basa ivredhc-krama ndglenga guneme a ing ngisor iki. (Guneme b basa mudha-krama). a. Pinten lelangane kapal kalih punika ? b. Kula nun, kawan bPlah, dereng persen tuwin wragading lam- pah. a. Dados botcn kirang kawan atus r£sike ? b. Manawi. a Punapa mulus,boten wonten ciiine ? b. Ingkang satunggal mulus, satunggalipun ciri suduk. a. Inggih punapa jangkgp kawan kaki ? b. Namung kirang saedim. a. Punapa sampun kenging ditumpaki ? b. Kados dereng, awit ringasipun taksih ketingal. (Ki Padmasu- sastra. Urapsari). B. DHAPUKANING UKARA. Tembung pongiket (.Boniure). 24. Andekna, cndekne, andekpunc, tegese : sanajan mangkono, e wa dene,… me ksa…. Kancamu si Muksin k£nc diparibasckake „ora ganja ora 154 unus ”, andekna (andekne, andekpuna) angkuhe ora jamak. (Ora ganja ora unus = ora darbe kaluwihan, tanpa pepething- an babar-pisan). 25. Mangka, kang kapratelakake ing ngarep ora salaras karo kang kasebut ing buri (Ing basa pacalathon kerep owah dadi : kang mangka, mangkakna, mangkane). Manawa bocah iku nganti ketaton, mangka wong-tu- wane ora trima, kowe mesthi diukum. H’e la h, aku ketiban awu angel, didakwa njupuk dhuivite kancaku: lah mangka aku wdruh bae ora. (Ketiban awu anget = kina ing pandakwa). 26. Ananging, ing basa pacalathon : nanging. a). Nggandheng gatraning ukara kang ngemu surasa kosok- balen, nanging ora kosok-balen blejed. Iya bener kebo iku gedhe, ananging kuru bcnget, mulane regane murah. Wanita punika rupinipuri pancen boten ayu, ana nging luw&s. Lepen ing pareden punika limrahipun alit, nanging ilinipun santer. Kula inggih dipun-ulemi, nanging namung ijeman kemawon, tanpa serat ulem. (Ijgman K = ijoan N = na mung sarana lesan kemawon). b). Kanggo nglairake rasaning ati kang sulaya karo kang wis kasebut. Pun Suta anggenipun dipun-kunjara boten jalaran nindakaken kadurjanan, ananging amargi saking kira- nging wewekanipun, numpak molorpit nabrak lare ngantos pejah. Penget. 1. Tembung pangiket „ananging” ora kena dienggo ing ukara kang kosok-balen blejed. Dadi ukara ing ngisor iki ora b£n#r. Gombloh iku ora pinter, ananging bodho. Anake ora akeh, nanging sathithik. Omahku saka kutha ora adoh, ananging sedhak. (Pinter karo bodho, akeh karo sathithik, 155 adoh karo cedhak, iku kosok-balen blejed). 2. Trape „ananging” ing ukara ngisor iki uga ora bener, ora per- lu nganggo tembung pangiket „ananging”. Celeng iku ora diingu ing wong, ananging padha mang- gon ing alas. Panganggone tembung „ananging” sing misthi benere iku manawa tembung ,.ananging” kena disalini : eivcdene, ewa sa- mono, parandene utawa suprandene, Ananging ya ora saben- sab@n kena disalini tembung iku salah-siji. Tuladhane : » a). Sing kena disalini : ewadene, eioa samono, parandene utawa suprandene: Sinjang punika sae sangat, ananging reginipun boten awis. b). Sing kena disalini tembung iku salah-siji: Pun Gatipancen inggih bodho sanget „ananging manahi- pun saklangkung jujur. (Candhake kasebut ing bab 16). C. PARAMASASTRA. Ater-ater anusu’ara (Banjure). 9. Ater-ater anuswara kang akeh-akeh kanggo ngater-ateri tem bung lingga, nanging ana uga tembung lingga-andhahan kang diater-ateri anuswara. Tuladhane : an + tarbuka (tar + buka) = narbuka. am + pakoleh (pa + oleh) + i = makolehi. ang + piguna (pi + guna) + ake = migunakake. any + sapasar |sa + pasar) + i = nyapasari. 10. Aksara purwaning lingga iku sumambunge karo ater-ater anuswara trape ana wama telu, yaiku : a). Luluh dadi siji karo sesigeging ater-ater, yaiku manawa purwaning lingga aksara : vokal, c, k, t, n, s, w, p, ny, m, t h, ng. Tuladhane : ang + c ku = ngaku. any + corek = nyorek. 156 ang an an any am am any am an ang frubur = ngubur. fandhing = nandhing. /zakal + i = nakali. suwun = nyuwun. b). c). wadung = madung. pondhong = mondhong. nyunyuk + i = nyunyuki. mari + ake = marekake. ffruthuk = nuthuk. ngungun + i = ngunguni. Muni bareng karo sesigeging ater-atere. yaiku yen ling- gane apurwa : r, l, y. ang + rabi = ngrabi. ang + /abuh = nglabuh. ang + yiyit = ngyiyit. ang + ¡uru = ngluru. Isih pisah karo sesigeging ater-at6re, mung unine bae di- barengake, yen purwane lingga aksara : d, dh, j, g, b. an an an an ang am + dingkik + dAungkar + jawil + cfilat + ondhol + bandhos ndingkik. ndhungkar. njawil. ndilat. nggondhol. mbandhos. 11. Araning rimbage. a). At6r-at£r anuswara + lingga (lingga-andhahan) dhuk kriyawantah, kayata : tan- b). an + tutup = nutup. an + tarbuka = narbuka. any + silih ^ nyilih. am + bolong = mbolong. ang + rabi = ngrabi. Ater-ater anuswara + lingga (lingga-andhahan) + ake = tanduk kekriya. an + titip + ake = nitipake. am + polah + ake = molahake. 157 ang + kemul + ake = ngemulake. any + sapu + ake = nyapokake. c). Ater-ater anuswara + lingga (lingga-andhahan) + i (yen linggane awasan a konsonan) utawa : an + i (yen ling- gane awasana vokal) = tanduk ikrtya. an + tugel ■ + i = nugeli. an + tuku + an + i = nukoni. am + babad + i = mbabadi. am + biru + an + i = mbironi. ang + kukuh + i = ngukuhi. ang + kintu + an + i = ngintoni. any + sapasar + i — nyapasari. any + sangu + an + i = nyangoni. (Candhake kas£but ing bab 16). D. KASUSASTRAN. Tembung mawo aksara lira-liru. Akeh tembung Jawa kang mawa aksara lira-liru, kayata : 1. r lira-liru karo l, kayata : nrih, rare, ruruh, riris, ruyung, raras, parara-rara = lirih, lare, luruh, liris luyung, laras, palara-lara. 2. r lira-liru karo dh, kayata : ratu, rf-men, rimit (ateges : alus, lembut), rihin, ron-ron, rara = dhatu. dhemen, dhemit, dhi- hin, rondhon, dhara. 3. w lira-liru karo h, kayata : dhuwur, suwun (sinuwun), dhu- wung = dhuhur, suhun (sinuhung), dhubung. 4. io lira-liru karo b, kayata : wulan, wniri, wola-waJi, w§ngi, wungkus, wungkuk, wae, walik, wanting, wftning, w&ngis = bulan (rembulan), buri, bola-bali, bengi, bungkus, bungkuk, bae, balik, banting, bening, bengis. 5. k lira-liru karo t, kayata : pek, jarik, c§rk, corek = pet, ja- rit, ceret, coret. 6. k lira-liru karo g, kayata : kedhana-kedhini, kanthet, k§ndha- ga, kebayak = ggdhana-gdhini, gantbet, ggndhaga, gebayak. 7. c lira-liru karo j, kayata : ciwel, camboran, c§ndhela, cengge - retnong = jiwel, jamboran, jendhela, jenggeretnong. 158 Kajaba saka iku prfilu disumurupi ana tgmbung-t£mbung Ja wa kang : 1. Aksarane kgna liniru dununge, kayata : dheleg-dh§l§g, jubel, ywa, copot, ngebad-ebadi = ledhgg-ledheg, bujel, wya, pocot, ngedab-edabi. 2. Mawa w utawa tanpa w, kayata : udhar, ungkal, uninga. ira ma, utah, udhu, rata, luku, rana, randha, lanjar, lulang, lahar, rangka, ragil, ragad = wudhar, w ungkal, wuninga, wirama, wu- tah, wudhu, wrata, wluku, wrana, warandha, walanjar Iwulan- jar), walulang, walahar, warangka, wragil (wuragil), waragad (wragad). 3. Mawa utawa tanpa ya (ing wanda wekasan), kayata : widigda, gora, pura, siswa, gita, darpa = widigdaya, goraya, puraya, sis- waya, gitaya, darpaya. 4. Mawa utawa tanpa ka (ing wanda wgkasan), kayata : atma, sewa, purwa = atmaka, sewaka, purwaka. 5. Mawa utawa tanpa ke (ing purwaning tembung), kayata : tumbar, dhele, dhondhong, dhawung, bayak = ketumbar, ke- dhe?le, k§dhondhong, kedhawung, kebayak. 6. Mawa panjingan w utawa y, kayata : matswa, swuh, unggwan, mwang = matsya, syuh, unggyan, myang. 7. Telung wanda didadekake rong wanda, kayata : pambarep, tembako, lembayung, pambajeng, t§mb§lek = mbarep, mbako, mbayung, mbajeng, mbfilek. 8. Mawa h utawa ora (ing wandane wekasan), kayata : rura (ru- sak), caksu (mripat), sula (tumbak), luru (tiba), danu (gan- dhewa) = rurah, caksuh, sulah, luruh, danuh. 9. Tembung camboran kinira lingga, kayata Gasa = (t§mba) ga + (reja) sa. Gasa (tembaga karo rejasa) iku bahan kang digawe gamglan. Gasa, disusuli aksara irung dadi : gangsa. T§ngange = tengah + ing + we = tengah-tengahe dina, tengah-tengahe awan. Srengenge = sang + hyang + we (dina) = sang dewaning dina (dewaning awan). Kebombang = kebo + abang. Iki salugune wangsalan, ba- 159 tangane : sapi. (Kebo abang iku maksude sapi, karSpe : ka piran, ora ana kang tgtulung u tawa mbiyantu pagawpaneV BAB 16. MASK UMAMBANG. 1. Géréng-géréng / / Gathutkaca / sru anangis 4 / / 4 / 4 = 12 i. 2. sambate / mlas — arsa 3. luhnya / marawayan / mili 4. gung tinameng / astanira. 3 / 3 = 6a. 2/4/2 = 8 L 4/4 = 8a. Daringakan mulat nganan mulat ngiri, ngulati arinya, hang wus kélém jroning warih, sakédhap-kédhap Guritna. Gogoh-gogoh tanapi slulup ing warih, sarwi gung udrasa, sé- sambatira ngréñntih, dhuh-dhuh adhuh ariningwang. Dhuh Bimanyu baya sira aneng ngéndi, lamun tan kapang- gya, kadi paran so Iah mami, iba dukane njéng paman. Kaya paran duk mau dene wak mami, téka banjur nyabrang, aneng téngahing bénawi, wékasane manggyc tiwas. Adhuh dewa dhuh bathara kadi pundi, baba tuiungcna, pang- gihéne ari mami, Bimanyu keröm ing tirta. (Sérat Abimanyu- kerém — M. Sukir). Gathutkaca = Kacanagara, Guritna, Arya Tetuka, nagarane ing Pringgadani, bapakne asma Wrekudara, ibune asma Arim- bi, garwane asma Dewi Pregiwa (putrane Arjuna miyos saka Dewi Manuhara ing padhepokan Andongsumawi utawa An- dongcinawi). Sru (tembung plutan saka : s§ru) = 1 sora. 2 banget. Kalpa sru semune kanaka putung = lambangpraja jamane Sunan Mangkurat Tgalarum, amarga saka w§ngise Sunan iku akeh andfil-andeling praja kang diprajaya. Kalpa = jaman. Sru = s§r5ng, bengis. Sgmune = prasemone. pralambange, pralam- pitane. Kanaka = kuku, pralambange para and§l-and§ling pra ja kang ora cocog karo tindake Sunan iku. Putung = tugel. A. KAWRUH BASA. I. Négési témbung. 161 maksude ing pralambang : mati. 3. Marawayan = mili, ndlewer, gumantung rawe-rawe. 4. Gung (wancahane : anggung, manggung) tinameng astanira = tansan ditadhahi asta. Anggung karuna = tansah nangis. Mang gung dadi lakon = tansah ngalami lelakon ora képenak. Tina- meng = ditamengi, dialing-alingi (ditadhahi) ing tameng. Ta- meng (Indonesia : perisai) = piranti diénggo nadhahi (nang- kis) ti ban ing gégamane mungsuh. 5. Daringakan = pandirangan, lingak-iinguk ndulu kiwa-tengén. 6. Warih = banyu. Trahing andana warih = turune wong kang danane lumintu kaya ilining banyu, yaiku turune satriya. Dadi tembung „andana warih” = danane kaya ilining banyu, tansah lumintu ora ana pgdhote, maksude : gédhe (akeh) da nane (ganjarane). Sawéneh ahli basa nérangake yen ,,andana warih” saka pamore tembung ,,andanaoa + ari ” = kasinungan watak uta- wa sésipatan kaya mung&uhe danawa yaiku satriya. (Danawa = b uta. Ari = mungsuh). Ana uga tembung „ari” kang atégés. dina, adhi. 7. Tanapi (atanapi) = lan, sarta, lan maneh, apa dene. 8. Gung udrasa (anggung udrasa, manggung maca udrasa) = tan sah nangis. 9. Ngrérintih = (sésambat) ndrémimil ngasih-asih sajak mémélas bangét. Yen „ngrérépa’1 = njéialuk apa-apa (barang) kanthi ngasih-asih. 10. Anmngwang = ari mami, ariningong, ariningsun, adhiku. Ari = adhi, dina, mungsuh. Ari-ari KN = truntunan Ki. Kakang kawah adhi ari-ari = banyu kawah dianggép kakangne jabang- bayi, ari-ari diangg§p adhine, sabab métune banyu kawah sa ka guwagarba luwih dhisik tinimbang jabangbayi, nanging mé tune ari-ari luwih kari. 11. Baya = 1 témbung pangungun (la gek), 2 jinise bajul, 3 béba- ya, pakewuh. Sabaya pati = rukun nganti tumékane mati pisan. Uripku tansah kébaya-baya = tansah kétula-tula kétali = tansah ngalami ora kapenak. Pnngga-baya = témbung sa- roja (pringga = baya, bebaya). Jagabaya = pulisi desa (tégése : 162 kang wajib njaga bebaya). 12. Lamun tan kapanggya = manawa ora k§temu. 13. Nyabrang = ngambah (liwat) ing banyu (kali, sagara lsp). Ta- nah sabrang = tanah sajabane tanah Jawa (keletan sagara). Nagara sabrang = nagara manca (kang karo nagara kene ke letan sagara). Pangeran Sabrang-lor = Pati Unus (Ratu D§mak II). Godhong sabrang = godhong lombok. 14. Benawi K = bengawan N. Dene tembung „benawa” (banawa) tegese : prau N = baita K. 15. Tiwas = 1 ngalami cilaka, 2 mati. Ketiwasan = nandhang ka- cilakan, nemahi sangsara. Tiwas tuwas = tanpa guna kangel- ane, kangelan kang tanpa tanja. Tiwas kebeneran = ora oleh gawe nanging malah kebenaran {ndadekake lan begjane). Sing sapa uwas, tiwas = sing sapa was-sumelang atine (kuwatir}, ci laka. 16. Bathara = sesebutane dewa. Asoca bathara = tegese lugu : am- ripat kaya mripate dewa, maksude : waskitha. Nata binathara = Ratu kang kinurmatan kaya dewa (Indonesia : Raja yang didewa-dewakan). 17. Babo = (tembung pangungun) 1 Dhuh, 2 mratelakake yen sa- guh, wani lsp (mirib tembung Inggris O.K., pamacane : oukei). i II. Dasanama. 1. Warih = tirta, udaka, ranu, we, her, tuban, jala. 2. Kadi = kadya, lir, pendah, lir-pendah, anglir, pindha, kaya. kados. 3. Anggung (manggung) = sanityasa. tansah, tan anop, ora pegat, ora pedhot. 4. Kadi paran = kadi pundi, kaya paran, kapriye, kadospundi. 5. Kawlas-asih = kawlas-arsa, kawlas-ayun, mmlas, mfeakake. 6. Kalah = kasor (kasoran), kandhah, kandhih, kandhap, kelin- dhih, ketitih, kawon. 7. Kang N (ingkang K) = sing, nikang, nikanang, kanan g, ri- kanang, ponang. 163 III. Basa kramantara. Kramcntara = krama + antara. Basa kramantara = basa krama antarane mudha-krama karo wredha-krama, uga diarani basa krama lugu. Basa kramantara iku basane wong tuwa marang wong n om utawa dhdhuwuran marang andhahane. Tenabung-tembunge krama kabeh, ater-at£r lan panambang uga dikramakake, ora kecampuran timbung krama-inggil tumrap madyamapurusa (wong II). Utamapurusa (wong I) : kula, ater-at€r „dak” lan pa nambang „ku” dadi : kula. Madyamapurusa (wong II) : sampeyan, ater-atfr ,,ko” lan panambang ,,mu” dadi : sampeyan. Ater-ater „di” dadi: d;pun. panambang ,,e” dadi : ipun, panambang „ake” dadi : ak€n. Tuladha : guneme a basa kramantara, guneme b basa mudha-krama. Dhateng kula punika manaui pun adhi suka , kula nedhc nyambut gadhahan sampeyan gangsa klenengan Kagem ing damel punapa teha kadingaren maiui mundhut klenengan. Anu, keng mbakyu nyetauni putu, k€maruk sampuh lungse saweg gadhah putu sepunika. Ingkang kapundhut slendro punapa pelog ? Kaiih pisan kemau’on, mangke yen namung salah-satunggal mlndhak damel cuuvning tamu. Kula sumangga kemawon. (Ki Padmasusastra, Serat L’rapsari). B. DHAPUKANING U KARA. Tembung pangiket (Banjure). Sabab KN, kanggo murwakam ukara kang mratelakake sa- babing prakara ing unen-unen ngarepe. Pun Dhadhap kathah sanget mitranipun, sabab piyam- bakipurt wa tak i pun sae, ambek we lasan lan enthengan tetu- ¡ung Gatraning ukara kang ngarep lumrah dipurwakani tem bung „mulane ” N, milanipun K. Nlulane sedulur lanang wajib dib&kteni, sabab mmonghc gigentining bapa, manawa bapa wis tinggal-donya Milanipun piyambakipun dipun-tundhung dening b&n- deranipun, sabab watakipun climut. 28. Awit KN, tfgese : sing dadi uwiting prakara, panganggone padha karo „sabab”. Dhat£ng kula ing sekolahan radi kasep, awit banipun nglebet pit kula njSblug, kepiksa nembelakgn rumiyin. 29. Amarga N = amargi K. Asale saka „marga" N (margi K), t£- gese : dalan, ngSmu surasa : kang dadi dedalane prakara. dene kanggone padha karo : sabab, awit. Si Kumpra, punggawa nagara kang uripe ,,mewah ” kae, dipocot, amarga korupsi dhuwit nagara. Pun Subyakti sampun 2 minggu mondhok ing griya sa- kit Panti Rapih Yogyakarta, amargi sakit typhus. 30. Jalaran KN, ngemu surasa : apa-apa kang njalari, dadi yen kanggo tembung pangikSt pancene kudu : a.ialaran, teg&e : mawa jalaran, nanging ater-atere „o” lumrahe dibuwang. Panganggone padha karo : sabab, mratelakake dha- dhakaning prakara. Wt5ng kula sakit, jalaran kala wau kekathahen ang- gen kula nedha samb&l. 31. Sarehne N = sarehning K, asale saka : reh dene (reh dening), surasane padha karo : awit dene (awit dening), sabab dene (sabab dening), trape ana ing purwakane gatraning ukara kang ngarep, mratelakake sababe kang kasdbut ing buri. Sarehne utangmu sing dhisik durung kosauri, aku k£- peksa ora bisc ngutangi maneh. Sarehning m€ndhung, wSkdalipun nyarekeken layon dipun-ajingakin 1 jam. 32. Mulc, mulane N = mila, milanipun, pramila K. Tgmbung ,,mula ” salugune ateges : oyod, wiwitan. Dadine tembung pangikSt „mulane” ngemu surasa : kang iku, kanggo b€- bukane ukara (gatra) kang ngarSp, utawa bgbukane ukara su 165 sulan (gatra kang buri). Wondene tembung „kang iku ” mung kanggo ing bebukane ukara susulan (gatra buri). Mulane kowe dckkon mrene dhewe, arep dakkandhani prakara wadi. Saiki wis meh mangsane ujian wekasan, mulane sinaua singm£mp§ng. Mengko sore aku ora bisa tika ing omahe paklikmu; kang iku minangka w£ioakiiku, mGngko sore kowe mranaa. „Pramila ” lumrahe mung tinfrnu ing cakgpan tSmbang, ka- yata ing cakepane timbang G€dhe Pamularsih ing ngisor iki (Laku 15 pSdhotan 7 - 8 laras slendro pathet manyura). Kagunan karawitan, padhalangan lawan beksa satuhu lamun pelag, nuting raras myang irama PRAMILA pra marsudi, wya kemba ing siyang - rctri yen temen pangudinya, maweh sukaning wardaya. Candhake kasSbut ing bab 17). C. PARAMASASTRA. Rimbag tanduk (Ater-ater anuswara, banjure). I. Tanduk * tindak, yen disaroja dadi : tindak-tanduk. Nandukcke pakarti (panggawe) = nindakake pakarti (pang gawe). Ukara : 1. Satrtya / njemparing rcseksa. 2. Dhalang / nyaritakake Gathutkaca. 3. Babon / ndhekfmi kuthuk. Ukara t£lu iku jSjgre siji-sijine : satriya, dhalang, babon. Wasesane : njemparing ras£ksa, nyaritakake Gathutkaca, ndh§k#mi kuthuk. Luguning wasesane : njemparing, nyaritakake, ndhe- kemi. Kabeh j&jSre ukara 1 5lu iku padha „ nandukake ” pakarti Inindakake panggawe). Sarehne ,J£jere nandukake” pakarti, luguning wasesane 166 yaiku : njemparing, nyaritakake, ndh&kemi, diarani rimbag tanduk. Njemparing, rimbag tanduk kriyawantah Nyaritakake, rimbag tanduk kekriya. Ndh&kemi, rimbag tanduk ikriya. Kapriye teg&se : kriyawantah, kekriya, ikriya ? Kriyawantah = kriya (tembung kang mratelakake pa- karti, Indonesia •- kata körja) sing wantah u tawa sing lugu, maksude : sing tanpa panambang. Kekriya = kriya sing mawa panambang „ fee”, cekakane „ ake Ikriya = kriya sing mawa panambang II. Ing ukara 3 ing dhuwur iku tembung : rasSksa, Gothutkaca, kuthuk, dadi katranganing wasesa kang nandhang utawa sing „di/es’’utawa ditamani pakartj dening j&jer. Sarehne nandhang utawa „diles’\ katranganing wasesa : raseksa, Gathutkaca, ku thuk, diarani „ lesan ”. Wondene luguning wasesa : nj§m- paring, nyaritakake, ndh&kemi, diarani : kriya tanduk mawa lesan (Indonesia : kata kerja transitif), Inggris : active transi tive). III. Ora kabeh kriya tanduk mawa lesan, akeh uga kriya tanduk tanpa lesan (Indonesia : katakerja in transitif, Inggris : active intransitive), kayata : Umar / ngadeg. Adhiku / ngulet. Manuk / ngoceh Ula / nlosor. Macan / nggero. Babon / ngdndhog Ngadeg, nlosor, ngulet, ngg&ro, ngoceh, ngSndhog, iku kriya tanduk tanpa lesan. Dadi tumbling kriya tanduk ana warna loro, yaiku : kri ya tanduk mawa lesan (active transitive) lan kriya tanduk tanpa lesan (active intransitive). IV. Ora kabeh tembung mawa ater-at§r anuswara kalebu t&nbung kriya (kriya tanduk), akeh uga kang kalebu tembung ka- hanan, kayata : 1. Ratane nggeger sapi = kaya geger sapi (Ing tengah dhuwur, pinggir kiwa-tengan endhek). 167 2. Tulisan Jawa iku kudu ngetumbar = kaya ketumbar (Sajak ra- da bunder-bunder). 3. Tukua salak sing m€dhi = sing kahanane kaya wedhi (S5mu mempur). 4. Tatune lagi ngabuh-abuhi = kahanane lagi nedh&nge abuh. 5. Ukaramu ora njawani = kahanane ora kaya tatanamng ukara Jawa. 6. Watake siPnyana pancen mriyayeni = kahanane kaya priyayi, memper priyayi. (Banjure kas§but ana ing bab 17). D. KASUSASTRAN. Tembang Alaskumambang. 1. Tembang Maskumambang kalebu tfmbang Macapat, dadi awgwaton guru-gatra, guru-wilangan lan guru-lagu. Bab war- na-wamane tSmbang Macapat ndelenga bab 4 peran gan D. Wondene sababe diarani tembang Macapat bakal diterangake ana ing M$metri basa Jawi jilid 11. 2. Tembang Maskumambang saben 1 pada ana 4 gatra, guru- wi langan lan guru-lagune mangkene : 12 i, 6 a, 8 i, 8 a. 3. P§dhotane gatra kang isi 6 wanda : 4 - 2, utawa 2 - 4, utawa 3 -3 Gatra kang isi 8 wanda : 4 - 4, utawa : 3 - 3 • 2, utawa : 3-2-3. Gatra kang isi 12 wanda, luwih dhisik kapedhot 4. Sisa- ne yaiku 8 wanda kapedhot miturut wewaton pamedhote gatra kang isi 8 wanda. Dadi pamedhote gatra kang isi 12 wanda mangkene : 4 // 4 - 4, utawa : 4 // 3 - 3 - 2, utawa : 4//3-2-3. 4. Tembang Maskumambang awatak : susah, nalangsa. Mathuke dienggo medharake carita kang isi rasa-pangrasa : prihatin, sedhih, ngenes, ngeres, nggreges, nggresah, utawa nalangsa keranta-ranta. 5. Sasmita n e tembang Maskumambang, kayata sarana tembung: kambang (kumambang), kentir, maskentir, timbul (ing wa- rih). 168 Araning lagune tembang Maskumambang, kayata : Masku- mambang Rencasih, Maskumambang Mangkubumen, Mas kumambang Buminatan. BAB 17. PITUTUR LL’HUR. Jarwan saka kitab suci ,, Dhammapada 1. Samubarang kang kita alami iku wohe pikiran kita, dumadi saka pikiran kita. Manawa wong micara utawa turaindak kan- thi ancas ala, tartamtu bakal ngalami panandhang ora kape- nak, pépindhane kaya rodhane pedhati kang ngambah tepake sapi sing nggered pédhati iku. Kosok-baline yen wong micara utawa tumindak kanthi pikiran suci, tartamtu bakal ngalami urip bégja (Indonesia : berbahagia), ngibarate kaya wéwa- yangane wong kang ora tau pisah karo wonge. 2. „Dheweke (wong iku) ngalahake aku, nglarani aku, ngrayah barang darbekku”. Manungsa kang kasinungan pikiran kaya mangkono, tar tamtu tansah ndarbeni rasa géthing m aran g liyan. Dene ma nungsa sing sepi ing pikiran kaya mangkono, sirna pangigit- igite marang liyan. 3. llungsuh ora bisa sininggahan sarana térus mémungsuhan. Mungsuh mung bisa disinggahi kanthi tindak-tanduk kang sar- wa bfcik. Mangkono sanyatane. 4. Wong iku ana kang ora ngelingi yen urip ana ing donya iku ora langgéng. Wong-wong kang padha eling marang bab iku, lumrahe padha ngemohi régéjégan lan pasulayan. 5. Angin bisa agawe rungkading wit kang oyode ora séntosa. Mangkono pépindhane Mara, bisa njirét manungsa kanguripe nggedhekake kasenéngan, ora bisa ngéndhalem hawa-napsu, ngangah-angah marang pangan, késed lan ringkih atine. 6. Angin ora bisa agawe jugruging gunung watu. Mangkono pe- pindhane Mara, ora bakal bisa njirét manungsa kang pikirane ora kélet ing kasénéngan, sing bisa mépér pépenginan, ma- ngane prasaja, gedhe kapracayane marang Buddha-Dharma- Sangha. 170 A. KAWRUH BASA. I. NSgisi tembung. 1. Samubarang N = samukawis K = sakabehe barang. barang apa bae. Ora barang-barang = ora nandhang apa-apa (Ora lara, ora tatu Isp). lah kok ndadak nggawa oleh-oleh barang (Tem bung „barang” ing ukara iku mung kang»o mbang£take „oleh oleh”). Mbebarang = lunga mrana-mrana ngupaya panguripan sarana ngebarake kapinterane. M barang amuk = soroh amuk, ngamuk. (Tembung „mbarang, soroh” mung kanggo rereng- ganing basa). Mbebarang wirang (wirang mbebarang) = ngan- dhak-ngandhakake kuwirangane dhewe. 2. Micara = 1 tembung kriya : gineman, 2 tembung watak : wasis guneman. 3. Tar tam t u = mesthi 4. Panandhang = apa-apa kang disandhang (Indonesia : pen deritaan). Nandhang = nemahi lelakon kang ora kapenak. Nandhang sangsara = nemahi urip cilaka (kitula-tula ketali). Nandhang dosa = nglakoni panggawe dosa. Saabot-abotanea sing nyawang isih luwih abot sing nandhang,sanajan sing ndu- lu wis ngarani abot, isih luwih abot wong kang ketaman. o. Ancas = niyating ati, enering sedya. 6. Pedhati = jinise grobag. 7. Ngambah = ngliwati ing. Diambah .= diliwati, dienggo da- lan. Ambah-ambah = ungsum akeh lelara nular (Yen ung- sum akeh pepati dening lelara nular diarani pageblug). 8. Begja = urip ngalami kabegjan, ngalami lelakon kang ma- remake ati. Begja kemayangan = begja banget. 9. Ngibarate = pepindhane. Dingibaratake = dipgpindhakake ka- ya dene. Ibarat = pepindhan ngemu surasa piwulang Isp. 10. Wewayangan = ayang-ayangan. Widi marang wayangane dhe- we = ngandhut kuwatir. amarga rumangsa kaluputan tumin- dak ora becik. Wayang-wuyungan = ora karuwan polahe de ning bingung atine (pikirane). Araning w ayan g : Wayang beber = mori digambari wa- yang dipitongtonake sarana dibeber, yen wis rampung banjur 171 digulung maneh. Wayang gêdhog = wayang kang nyaritakake lélakone Panji Asmarabangun [Raden Putra) karo garwane asma Candrakirana (Sêkartaji). Wayang golek = wayang awu- jud golek (saka kayu raine methok) nyaritakake Wong Agung Menak (Jayengrana), Umarmaya lsp. Wayang klithik (wayang krucil) = wayang saka kayu awujud gepeng (raine miring), nyaritakake Prabu Kenya, Damarwulan, Menakjing- ga lsp. Wayang kulit (wayang purwa) = wayang walulang kang nyritakake lelakon kang babone saka layan g Ramayana lan Mahabharata. Wayang suluh = wayang kang anane ing jaman kamardikan, nyaritakake sêjarah Indonesia. Wayang potehi = wayang golek nyaritakake lëlakon ing nagara Cina. 11. Ngrayah = njarah, lumrah disaroja dadi : njarah-rayah = ngrê- but. 12. Kasinungan = 1 kadunungan, 2 diwenehi. Asung = menehi. Si- nung = diwenehi. 13. Gêthing = sêngit. kosok-baline trêsna. 14. Manungsa = janma, jalma, lumrah disaroja dadi : jalma-ma- nungsa. Kamanungsan = 1 sêsipatan kahanane manungsa, 2 konangan (kawruhan) ing manungsa. Ora duwe kamanungsan = ora darbe rasa gêlêm tetulung, ora darbe wêlas lsp (Indo nesia : tidak berperi kemanusiaan). 15. Sirna = ilang babar-pisan, lêbur. Sirna marga layu = mati. 16. Ngigit-igit = m u ring bangèt sarta ngincim-incim nêdya na- makake piwalês. 17. Tan kêna sininggahan = ora kèna disingkiri. Disinggahake = 1 disingkirake, 2 disimpêni. 18. Tindak-tanduk = patrap, solah-tingkah, tingkah-laku. 19.